Sabtu, 03 April 2010

Atur Wacana Pengetan Dinten Pendidikan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun.
Dhumateng Bapak Soeparno ingkang kawula kurmati.
Lan sedherek kula kelas 8h ingkang suka basuki.
Langkung rumiyen, sumangga kita ngunjukaken puja-puji padyastuti dhumateng ngarsanipun Allah. Inggih awit sih kanugrahanipun, kula panjenengan pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis nir ing sambikala.
Pramila kanthi kasugengan punika, mangga kita kunjukaken salawat saha salam dhumateng junjungan kula, nun inggih junjungan panjenengan sedaya, Nabi kula, Nabi umat islam sedaya, kranten sedaya dhawuh-dhawuhipun tuwin tindhak-tandhukipun, kenging kadamel paugeran ngagesang wonten alam donya, kenging damel sangune mbenjang wanten yaumul kiyamah, amin……………………………………………..
Para rawuh ingkang kawula kurmati, ing wekdal menika kita sedaya sami mangertos menawi dinten pendidikan dawah ing tanggal 20 Mei. Tanggal 20 Mei punika miyosipun Bapak pejuwang pendidikan ingkang asma Ki Hajar Dewantara. Perlu dipun mangertosi bilih Ki Hajar Dewantara punika gadhah gegayuhan utawi cita-cita ingkang luhur, inggih punika supados para putra-putri Indonesia maju sejajar kaliyan peputra lan peputri negara liyane.
Para sedherek kula ingkang suka basuki,Ki Hajar Dewantara punika bapak ingkang tumut mbangun piwulangan utawi pendidikan. Ingkang damel putra lan putri Indonesia saged sinau ingkang sekolah lan diwulang kaliyan bapak lan ibu guru. Kados ingkang dipun cariyosaken: ing ngarso sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Wonten ngajeng maringi conto, wonten tengah maringi niat ingkang saestu, lan wonten wingking maringi kekiatan. Mboten namung para siswa, nanging ugi para guru.
Kanthi pengetan dinten Pendidikan punika, mangga kita tansaya tuhu, ngurmati jasa-jasanipun Ki Hajar Dewantara, ingkang tumut bela sungkawa dhateng piwulangan para siswa lan guru. Lan mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya saged niru patuladan Ki Hajar Dewantara ingkang sae.

Jumat, 02 April 2010

Badai Topan

Gemuruh gelombang badai
Menerjang menghantam
Semua Perintang
Patah gemeretak tanpa daya
Jerit dan tangis bersahutan
Seiring rumah-rumah dan pohon tumbang menimpa
Tiang listrik roboh berserabutan
Jalan-jalan seperti pembuangan limbah
Banyak Korban manusia bertindihan

Berita duka terus menyebar di berbagai surat kabar
Menusuk setiap relung hati
Para khalayak yang baik budi
Untuk meringankan derita mereka